This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Selasa, 23 September 2014

Pengaspalan Jalan Desa Karangtengah

Pemeliharaan Berkala Jalan Karangtengah - Langkap (Lanjutan)




Kagem sederek sedanten warga masyarakat Desa Karangtengah ingkang kawulo tresnani, kulo bade ngaturi informasi, ingkang mugi-mugi manfaat kagem panjenengan sedanten, informasine inggih meniko sasi ngajeng, utawa wulan oktober,  Jalan Desa karangtengah dumugi Desa Langkap Bade dipun aspal malih kalian Pemerintah Daerah Kabupaten Purbalingga, Ngangge Dana APBD Tahun 2014, Ingkang Anggarane ngantos Rp 1.264.099.000,00 (Satu Milyar Dua Ratus enam puluh empat juta sembilan puluh sembilan ribu rupiah).

Mugi-mugi kontraktor ingkang bade ngerjakna mangke, sanged nglaksanakake kerjaanipun ngantos paripurno, mboten wonten alangan satunggal menopo, (aja nganti kaya tahun wingi, kerjaane urung rampung malah di tinggal lunga).

Kawulo ngajak dumaten seluruh Warga Masyarakat Desa Karangtengah, supados sami sesarengan ngawasi kerjaanipun, supados Dana saking Pemerintah Kabupaten Purbalingga utawa artone panjenengan sami, mboten disalahgunakaken ing pihak-pihak ingkang mboten wonten tanggung jawabipun.

Kolowingi wekdal tanggal 22 September 2014, kerjaanipun sampun dumugi proses lelang, ing DPU Kab. Purbalingga, ingkang prosesipun melalui LPSE (Layanan Pengadaan Secara Elektronik) bagiane Pokja II ULP Kab. Purbalingga. (cara gampange ya lelange nganggo internet lah).

Mangke tanggal 30 September 2014, Perusahaan Kontraktor ingkang dados peserta Lelang, sareng-sareng nglebetaken Dokumen Penawaran, lajeng tanggal 4 Oktober sampun saged dipun tentukaken ingkang dados pemenang lelangipun, tanggal 10 oktober 2014 mangke, ingkang dados pemenang lelang tapak asmo kontrak pekerjaan, teras kerjaane sampun sanged dilaksanakaken.

Wekdal ingkang ditentukaken saking pemerintah kangge ngelaksanakaken pekerjaan aspal jalan meniko, 60 dinten, dipun melai tanggal 10 Oktober 2014 dumugi tanggal 9 Desember 2014. mugi-mugi pedamelanipun mengko sesuai kalian harapane kulo panjenengan sami, dalan desa dadi alus lan Warga Masyarakat ingkang bade aktifitas sabendintene langkung sekeco.

cekap semanten atur kawulo, maturnuwun.

sumber saking : http://lpse.purbalinggakab.go.id/eproc/lelang/view/1128140